Senin, 26 November 2012

Bahasa Jawa


karya eksposisi

GAWE GETHUK

Gethuk di gawe saka telo.Nanging telo macem-macem,ana telo rambat,telo putih,telo menyok,lan liya-liyane.Nanging telo kang enak digawe gethuk iki telo menyok kang warnane kuning.Amergo yen gawe gethuk saka telo menyok iku rasane enak,gurih,lan warnane apik.Carane gawe gethuk yaiku:sakdurunge gawe gethuk.Telo kang arep digawe gethuk mau di koceki lan di iris tengkel-tengkel,di umbah sing resik banjur di dang.Telo kang wes mateng mau banjur di tumplek ing wadah lan di jupuki jarote.Banjur di deplok nganti alus,lan di guling-guling.Yen wes adem di iris-iris lan di paruti klapa banjur di sediaake ing mejo makan.Ing kana rampung lan kari mangan.Mengkana wis rampung dadi panganan gethuk.



                                      GAWE KLASA               

Klasa iku di gunake kanggo gelaran utawa kanggo tlasar.Klasa bisa digawe saka rotan,saka pandan,lan liya-liyane.Nanging aku luwih seneng yen klasa di gawe saka godhong pandan.Amarga ambune wangi,alus lan kandel.Pangertiku saka critane simbahku gawe klasa saka godhong pandan iku gampang.Carane yaiku:sakdurunge gawe klasa,ngolek godhong pandan dhisik,lan milih godhong pandan sing rada tua,lan milih sung dawa-dawa.Banjur erine pandan di jupuki.Yen wiz disigari dadi 2 banjur di pepe ing ngisor panas srengenge nganti alom.Nuli,dikeriki siji-siji nagti rupane putih.Banjur dipepe maneh sakwuntara.Sakwise iku di entas pandane kang wis alom lan lemes.Nuli dianyam di gawe klasa.Nganyame iso disambung miturut ombo lan dawane klasa.Mengkana carane gawe klasa.



pangripta : Elizabeth Inriwati 


cAsal usule pulo nusa kambangan

Tembung Wijayakusuma dhewe  kuwi jane asale saka rong tembung, yaiku: Wijaya artine menang, Kusuma kuwi artine kembang, dadi Wijayakusuma kuwi artine kembang kemenangan. Nang crita rakyat, Sri Bhatara Kresna sing nang donya wayang dianggep titisan Sang Hyang Wisnu, kuwi muksa (mati ngilang). Dheweke mbalangna kembang Wijayakusuma nang segara kidul utawa samudera Indonesia pedhek karo pulau Nusakambangan saiki. Kembang kuwe dibalangna bareng karo kendaga utawa wadahe. Tutup kendaga sing wujude bunder kuwe njelma dadi pulo Majeti, terus wadah bagian ngisore dadi pulo Bandung. Loro pulau kuwe anane pedhek karo pulo Nusakambangan. Konon jire wong, nang pulo Bandung kuwe anane kembang Wijayakusuma.
Jare, wektu jaman biyen banget nang dhaerah Jawa Etan(Kediri) ana maharaja sing nyandhang gelar Prabu Aji Pramosa. Raja kuwi nduwe watak atos, dheweke wegah tunduk maring sapa wae. Raja kuwi ora seneng angger ana wong nang nagarane sing ketone nonjol utawa duwe pengaruh. Petugas sandi (intel) kerajaan disebar ming kabeh penjuru kerajaan tur akhire jere ana laporan nek nang kerajaan kuwi pancen ana Resi sing wis kesohor merga sekti pisan.
Resi kuwi jenenge Resi Kano, gelare Kyai Jamur. Kasekten Kyai Jamur akhire krungu nang kuping raja. Raja Prabu Aji Pramosa kesuh banget ning nek arep nangkap rakyat sing ora duwe salah kuwi kudu ana alesane. Akhire raja ngundang patih, hulubalang, senapati karo pejabat utama kerajaan maksude nggolek cara nggo ngatasi kyai sakti kuwi. Bar olih saran sekang petinggi kerajaan, raja langsung mutusna: Kanggo njaga keselametan kerajaan karo raja, Kyai Jamur kudu diusir sekang kerajaan utawa dipateni sisan, kaya kuwe titah sang raja. Berita rencana raja iku jebule cepet kasebar, akhire uga krungu ing Kyai Jamur. Dheweke mutusna sedurung utusan kerajaan teka, dheweke kudu ndisiti ninggalna negeri iki.
Krungu nek Kyai Jamur wis ora nang panggonane, sang Aji Pramosa tambah nesu banget. Raja kuwe trus mrentahna kabeh punggawa kerajaan ngoyok lan nangkep Resi Jamur, Resi kudu dikunjara. Nggo gawe alasan Raja, Resi dianggep salah merga lunga kora njaluk pamit karo Raja. Sang Resi mlaku terus sadawane pantai laut kidul sing akhire tekan panggonan sing jenengi Cilacap, Resi ngrasa nek Cilacap kayane daerah sing aman kanggo umpetan kang pengawasane Raja.
Raja ora tahu mandeg nggoleti lan mburoni Sang Resi pokoke kudu ketangkep. Sewise digolkti nang ngendi ora akhire Raja nemokna panggonane Resi. Aji Pramosa karo punggawane teka pas Resi agi tapa, ngerti Resi agi tapa kesempatan iki ora disaik-siakna, Sang Resi langsung di tangkep terus dipateni. Tapi wong Sang Resi dasare wong sekti mandraguna mayide ngilang (moksa. Raja dadi gumun karo keweden. Urung ilang wedine raja digawe kaget maning suara sing kemrungsung karo angin ribut kang tengah segara . Aji Pramasa ngupadi tetep meneng ngadhepi kabeh prakara kang ngeri iku mau.Suarane gludhuk lan angin mau wis mandeg,nanging ing wektu sing padha iku  Ula Naga gedhi banget(raksasa) teka desas-desis kayata arep mangan Aji Pramosa.Ombaking segara dadi gedhe,anggulung-gulung nganti akeh Bulus(Penyu) minggir aning pinggir segara.Segara kuwi mau terus diarani Segara Endhog Bulus utawa Pantai Telur Penyu . Kanthi jagane,sang Aji Pramosa terus ngeculake anak panak panahe , nyatane pas kena aning sasarane,wetwnge Naga mau suwek kena panah lan Naga mau ilang kagulung ombak.Kasunyatane Naga iku mau jelmaane saka putri kang ayu sing teka ndadak playon ing nduwure ombak segara mau saka Etanne pulo Nusa Kambangan . Sang putri ayu mau nekani Aji Pramosa karo ngaturake matursuwun saka panahe mau putri ayu mau isa njelma dadi manungsa . Kanggo mbales budhi saka mau , putri mau menehi kembang WijayaKusuma kanggo Aji Pamongsa . Sang putri kuwi mau ngomong karo Aji Pamongsa : Kembang WijayaKusuma  ora isa di intukna saka alam biasa iki , sapa sing nduweni kembang kuwi mau bakal ngedunake raja-raja sing nduwe kuasa ning lemah Jawa . Terus putri ayu mau ngenalno awake aning Aji Pamongsa ,  asmane Dewi Wasowati . Dewi Wasowati pesen karo Aji Pramosa , pulo kuwi mau arep nduweni jeneng Nusa Kambangan . Nusa sing artine pulo lan Kambangan sing artine Kembang . Mlakuning jaman , jeneng Nusa Kembangan maleh dadi Nusa Kambangan . Prabu Aji Pramosa atine seneng banget nampa hadiah kembang kuwi mau , lajeng karo kesususu Aji Pramosa gugup lan ora ati-ati , kembang mau ceblok aning segara lan ilang kagulung ombak . Karo gela atine , Aji Pramosa mulih lan ora isa gawa kembang kuwi mau . Suwe sak bare Prabu aning kerajaan , ana kabar yen ning pulo karang cedhak Nusa Kambangan tukul wit aneh lan ajaib , Prabu mau kepingin mersani wit aneh mau sing ora nduweni woh lan nyata yen wit kuwi mau ora liya yaiku Cangkok Wijaya Kusuma sing di olehi Prabu saka Dewi Wasowati  . Mersani wit kuwi mau , Aji Pramosa iling ngendikane Dewi Wasowatim yaiku sapa sing oleh wit kuwi mau bakal medunake raja-raja ning lemah Jawa . aka iku , kembang Wijaya Kusuma dadi kembang legenda ning lemah Jawa ...
                                                                               

Tidak ada komentar:

Posting Komentar